Cari Blog Ini

Efek Jam

Kamis, 26 November 2015

Tembang Macapat

Maskumambang
Sasmita tembang
Maskumambang   : kumambang, maskéntir.

Wujud Tembang
Maskumambang
Duh anakmas wajib angurmati  (12/i) 
Marang yayah rena (6/a)
Aja pisan kumawani (8/i)
Anyenyamah gawe susah (8/a)

Watak Tembang
Maskumambang, watake sedhih, susah, nelangsa, kelara-lara. Cocok kanggo pasemon crita sedhih nelangsa.

Tegese Tembang
Maskumambang (dalam kandungan). Dalam bahasa jawa "kumambang" yang berarti mengambang. Menggambarkan bayi manusia yang masih mengambang di perut ibunya.

Mijil

Sasmita tembang
Mijil           : wijil, wiyos, rarasati.

Wujud Tembang
Mijil
Ngrasuk busana sang raja putri (10/i)
Denirasa lolos (6/a)
Nuli nedhak angandhut patrane (10/e)
Tininggalan parekan myang cethi (10/i)
Wus sansaya agungipun (6/i)
Lajeng lampahipun (6/u)

Watak Tembang
Watak lagu ini asih lan tresna.

Tegese Tembang
Mijil (lahir), Dalam bahasa jawa "mijil, mbrojol, mencolot" yang berarti muncul atau keluar. Menggambarkan kelahiran bayi.

Sinom
Sasmita tembang
Sinom         : sinom, anom, teruna, srinata, ron kamal,   pangrawit, logondang.

Wujud Tembang
Sinom
Pangéran kang sipat murah (8/a)
Njurungi kajating dasih (8/i)
Ingkang temen tinemenan (8/a)
Pan iku ujaring dalil (8/i)
Nyatané ana ugi (7/i)
Iya Kiyageng ing Tarub (8/u)
Wiwitané nenedha (7/a)
Tan pedhot tumekèng siwi (8/i)
Wayah buyut canggah warèngé kang tampa (12/a)

Watak Tembang
Watak lagu ini grapyak lan renyah.

Tegese Tembang
Sinom (muda), Dalam bahasa jawa "kanoman" yang berarti muda atau usia muda. Menggambarkan cerita masa muda yang indah, penuh dengan harapan dan angan-angan dan mencari ilmu untuk mewujudkannya.

Kinanthi

Sasmita tembang
Kinanthi : kanthi, gandheng, kanthil

Wujud Tembang
Kinanthi
Padha gulangen ing kalbu (8/u)
Ing sasmita amrih lantip (8/i)
Aja pijer mangan néndra (8/a)
Kaprawiran dèn kaèsthi (8/i)
Pesunen sariranira (8/a)
Sudanen dhahar lan guling (8/i)

Watak Tembang
Watake seneng, tresna asih, mitutura, nuladani, mula lumrahe kanggo menehi pitutur lan crita kang nelakake rasa tresna asih.

Tegese Tembang
Kinanthi (tuntunan). Dalam bahasa jawa "kanthi" yang berarti tuntunan atau dituntun untuk menggapai masa depan. Menggambarkan masa di mana manusia membentuk jati diri dan meniti jalan menuju cita-cita.



Asmaradana

Sasmita tembang
Asmaradana

Wujud Tembang
Asmarandana
Anjasmara ari mami (8/a)
Masmirah kulaka warta (8/a)
Anèng kuta Prabalingga (8/o)
Prang tanding lan Wurubisma (8/a)
Kariya slamet wong ayu (8/u)
Pun kakang pamit palastra (8/a)

Watak Tembang
Asmaradana : asmara, brangta, kingkin, yungyun ---- watake tresna asih lan sdhih, mula pantes kanggo nelakake katresnan.

Tegese Tembang
Asmarandana (asmara). Dalam bahasa jawa "tresna" yang berarti cinta atau kasmaran. Menggambarkan masa di mana manusia dirundung asmara, dimabuk cinta, ditenggelamkan dalam lautan kasih.

Gambuh

Sasmita tembang
Gambuh, buh, jumbuh, tambuh

Wujud Tembang
Gambuh
Sekar gambuh ping catur (7/u)
Kang cinatur polah kang kalantur (10/u)
Tanpa tutur katula-tula katali (12/i)
Kadaluwarsa katutuh (8/u)
Kapatuh pan dadi awon (8/a)

Watak Tembang
kulina lan nepung-nepungke

Tegese Tembang
Gambuh (kecocokan). Dalam bahasa jawa "jumbuh atau sarujuk" yang berarti cocok. Menggambarkan komitmen manusia yang sudah menyatakan cinta dan siap untuk berumah tangga.

Durma

Sasmita tembang
Durma,undur,sirna, galak

Wujud Tembang
Durma
Kadya singa dardulakartisampekna (12/a)
Janthayu mulat aglis (7/i)
Risang yaksa Dipa (6/a)
nguwuhake mandhega (7/a)
Kagyat yak sendra anolih (8/i)
Janthayu mangsah (5/a)
Napyak muka narpati (7/a)

Watak Tembang
Watak lagu ini nesu lan muntab.
Tegese Tembang
Durma (dermawan). Dalam bahasa jawa "darma atau weweh" yang berarti dermawan dan senang bersedekah. Menggambarkan wujud dari rasa syukur kepada Allah yang telah memberikan semua yang terbaik.

Pangkur

Sasmita tembang
Pangkur, wuntat, pungkur, ungkur, yudakenaka, ungkur.

Wujud Tembang
Pangkur
Uripe sepisan rusak (8/a)
Nora mulur nalare pating sluwir (11/i)
Kudita guwa kang sinung (8/u)
Sinerang ing maruta (7/a)
Gumarenggeng anggereng agung gumrenggung  (12/i)
Pindha padane si mudha  (8/a)
Prandene paksa kumaki (8/i)

Watak Tembang
Watak lagu ini sereng lan tegas.

Tegese Tembang
Pangkur (menjauhi hawa nafsu). Dalam bahasa jawa "mungkur" berarti menjauhi. Menggambarkan manusia yang menyingkirkan hawa nafsu angkara murka, nafsu negatif yang menggerogoti jiwanya.


Megatruh

Sasmita tembang
dudukwuluh,truh, megatruh, pegat, duduk, wuluh, luh

Wujud Tembang
Megatruh
Sigra milir sang gèthèk sinanggga bajul (12/u)
Kawan dasa kang njagèni (8/i)
Ing ngajeng miwah ing pungkur (8/u)
Sinangga ing kanan kèring (8/i)
Sang gèthèk lampahnya alon (8/o)

Watak Tembang
Watak lagu ini nglara lan sedih.

Tegese Tembang
Megatruh (kematian). Dalam bahasa jawa "megat roh" yang berarti keluarnya roh. Menggambarkan terlepasnya roh atau kematian manusia.

Pocung
Sasmita tembang
Pucung, kaluwak, wanda ‘cung’

Wujud Tembang
Pocung
Tinimbang nganggur pikirane dadi nglantur (12/u)
Angur nyambut karyo (6/a)
Apa-apa ditandangi (8/i)
Wis ngertia wong nganggur batale setan (12/a)

Watak Tembang
Watak lagu ini sembrana, gecul, ora ana greget saut.

Tegese Tembang
Pocung (dibungkus mori putih).Dalam bahasa jawa "pocong" yang berarti sudah dibungkus. Menggambarkan kematian manusia lalu dimandikan, dishalatkan, dan siap dikuburkan.

Dhandhanggula
Sasmita tembang
sarkara, manis, madu, hartati,  dhandhang, gula drawa.

Wujud Tembang
Pamedhare wasitaning ati,
cumanthaka aniru pujangga,
dhahat mudha ing batine,
nanging kedah ginunggung,
datan wruh yen akeh ngesemi,
ameksa angrumpaka,
basa kang kalantur,
tutur kang katula-tula,
tinalaten rinuruh kalawan ririh,
mrih padhanging sasmita.

Watak Tembang
Watake luwes, kewes,,lan ndudut ati, mula pantes kanggo nelakake crita apa bae, ing ngendi bae,,lan kahanan apa bae.

Tegese Tembang
pamedhare = pamulange, ngandhakake, membicarakan.
medhar sabda = sesorah, pidato.
wasita = warsita, wursita, wewarah, piwulang, nasehat.
cumanthaka = kumawani, kumendel, memberanikan diri.
dhahat = banget, sangat.
mudha = bodho, balilu, punggung, bodoh.
ginunggung = gunggung + in = dibombong, dibesarkan hatinya.
angrumpaka = nganggit, ngripta, mengarang.
kalantur = kaladuk, ngayawara, omong kosong,

katula-tula = ngrekasa, asor, ora ana ajine.